Sabtu, 25 Februari 2012

Contoh wara-wara




Para siswa kang tansah daktresnani,

Sesambetan kaliyan pengetan dinten Kamardhikan kaping 66 Republik Indonesia, OSIS SMA N 1 BOYOLALI badhe dherek-dherek ngrameaken.

Awit saking punika, OSIS ngawontenaken kagiyatan Lomba Maca lan Nulis Geguritan ingkang badhe kalaksanaaken benjing :

dinten                  : Rabu - Kamis

surya                    : 10 - 11 Agustus 2011

tabuh                    : 08.00 WIB dumugi paripurna
         
papan                   : Lapangan SMA N 1 BOYOLALI

Pramila, para siswa ingkang badhe dherek lomba supados daftar ing sekretariat OSIS kaliyan Sdr. Danu Setiawan utawi Sdri. Martha.

Mekaten wara-wara punika, sageda dipun leksanakaken kanthi saestu. Matur nuwun.

Boyolali, 2 Agustus 2011





1 komentar:

  1. wara" punika saged mbantu kulo kangge nyelesak.ke tugas b.jawa
    matur nuwun,,

    BalasHapus